Friday, December 1, 2006

anggregesi

dino kui awakku tansah nggregesi, lemes, mumet, awak rasane kaya diidak idak uwong sak pedukuhan. rasa nggregesi iki amarga kahanan hawa sing molah malih. sedelo panas, sedelo udan. sejatine sasi iki uwis mlebu mangsa rendeng.
isuk iki, aku tangi bebarengan karo udan grimis.aku banjur adus gebyar gebyur, udane malah saya deres. opo merga aku adus? nanging, awakku isih nggregesi. senajan wes meh tahun 2007, telepon wes mlebu teknologi triji, kerokan isih dadi tombo sing tansah cespleng. mau bengi aku njaluk tulung rencang kanggo ngeroki awakku sing kuru, amung balung diwungkus karo kulit. gandeng dinggo tombo aku kudu nahan lara sing ngudubilah setan. sabubare kerokan aku leren, banjur bablas turu.
aku njaluk donganipun para rencang sedaya kemawon, muga muga wae aku enggal mari. matur nuwun saderengipun....
kangga adiku, kok sms-ku wingi ora dibales? aku tansah ngangeni sliramu...