Monday, January 29, 2007

pitik angkrem

pitik angkrem suwéne selikur dina
yén wés netes sak parangan ora pada
kaya déné menungsa sing urip néng alam ndonya
ana sing becik, ana sing ala
sugih mlarat wés ginares kang kuasa
kudu nrima ditampa kanthi legawa
aja seneng mèri aja seneng ngrasani
aja, aja seneng ngapusi

pitik angkrem selikur dina
yén wes netes ora pada
endog é pada, kulit é putih isine bedha


misalkan manusia dilahirkan bisa request, mungkin akan memilih dilahirkan dengan sehat jasamani, rohani. ganteng/cantik, dan dikeluarga yg serba kecukupan. nanging, Gusti Pangeran punya skenario sendiri. manusia sebagai ciptaannya tinggal mengikuti skenario, boleh kok ber-improvisasi. tapi kehendakNya yg jadi.

Wednesday, January 10, 2007

panasing srengenge disangga bareng

hawa sing krasa panas saiki, gawe awakku anteng. ora ngerti merga apa kok kahanan dadi kaya ngene, apa merga "global warming"? merga gunduling wana? apa merga okehe matahari sing bukak ana ing saben mall? apa malah wes mlebu mangsa ketiga? ora iso selak, kita tetep kudu ngerasaake kahanan kaya iki. etung etung dadi pemanasan kangga mlebu neraka besuk e hahhahahah
panasing srengenge disangga bareng bareng. nanging, panasing ati disangga dewe...

Thursday, January 4, 2007

sugeng warsa enggal 2007

ngaturaken sugeng NATAL kagem rencang ingkang ngriyayani. dalem ugi ngaturaken sugeng warsa enggal 2007 kagem sedaya rencang, mugi GUSTI tansah pinareng berkah...

pungkasanipun, dalem saget ngriyaya wiyosipun juru slamat wonten ngayogyakarta hadiningrat.
aku menyang seka jakarta dina jumat bengi, bebarengan karo kancaku (lisa lan oca) aku tansah ngliwati wengi sing krasane suwe. ati iki pengen gage gage tekan jogja. dina setu isuk wanci jam 6, aku wus tekan stasiun tugu. sawise midun seka sepur, bungah tenan, aku isa ngrasake hawa seger.
reng-rengan sing kudu dak lakoni ing preinan iki ora kabeh iso kelaksanan. kayata "wisata kuliner", amung iso mampir neng :
:: warung "AGAPE"(warung sing nyepake olah-olahan B2, panggonane neng pinggir selokan mataram, tlatah Pogung Rejo).
:: B1 goreng tepung,panggonane dalan sosrowijayan.
:: Pig Resto, dalan gejayan
:: sate ringin, jombor
:: djendelo coffe & tea (toga mas, ring road gejayan)
:: Gudeg Permata (lor POM Bensin sagan)
:: angkringan sarimulyo

sing kudu kaleksanan ing preinan, yaiku nyekar simbah putri. ana ing sasana laya, aku dedonga nyuwun pangestunipun simbah putri. mugi mugi eyang putri tansah pinareng pangestu dumateng wayahipun wonten ing bab pedamelan, rejeki, lan jodho kanggo urip bebrayan.

Natal taun iki, pada taun wingi. aku tetep didapuk dadi dokumentasi kanggo acara Natalan GKJ Sarimulya. yo amung iku sing iso dadi pisungsungku kagem Gusti. nanging, ati iki tansah bingah. amerga isa ketemu kara kanca kanca ing komisi pemuda.

ing tahun iki, aku kepengin isa nata uripku luweh becik seka sedurunge. arep isa urip luweh temata...

mekaten rumiyen, menawi wonten solah seleh,nyuwun ngamputen...
nuwun....