Thursday, January 4, 2007

sugeng warsa enggal 2007

ngaturaken sugeng NATAL kagem rencang ingkang ngriyayani. dalem ugi ngaturaken sugeng warsa enggal 2007 kagem sedaya rencang, mugi GUSTI tansah pinareng berkah...

pungkasanipun, dalem saget ngriyaya wiyosipun juru slamat wonten ngayogyakarta hadiningrat.
aku menyang seka jakarta dina jumat bengi, bebarengan karo kancaku (lisa lan oca) aku tansah ngliwati wengi sing krasane suwe. ati iki pengen gage gage tekan jogja. dina setu isuk wanci jam 6, aku wus tekan stasiun tugu. sawise midun seka sepur, bungah tenan, aku isa ngrasake hawa seger.
reng-rengan sing kudu dak lakoni ing preinan iki ora kabeh iso kelaksanan. kayata "wisata kuliner", amung iso mampir neng :
:: warung "AGAPE"(warung sing nyepake olah-olahan B2, panggonane neng pinggir selokan mataram, tlatah Pogung Rejo).
:: B1 goreng tepung,panggonane dalan sosrowijayan.
:: Pig Resto, dalan gejayan
:: sate ringin, jombor
:: djendelo coffe & tea (toga mas, ring road gejayan)
:: Gudeg Permata (lor POM Bensin sagan)
:: angkringan sarimulyo

sing kudu kaleksanan ing preinan, yaiku nyekar simbah putri. ana ing sasana laya, aku dedonga nyuwun pangestunipun simbah putri. mugi mugi eyang putri tansah pinareng pangestu dumateng wayahipun wonten ing bab pedamelan, rejeki, lan jodho kanggo urip bebrayan.

Natal taun iki, pada taun wingi. aku tetep didapuk dadi dokumentasi kanggo acara Natalan GKJ Sarimulya. yo amung iku sing iso dadi pisungsungku kagem Gusti. nanging, ati iki tansah bingah. amerga isa ketemu kara kanca kanca ing komisi pemuda.

ing tahun iki, aku kepengin isa nata uripku luweh becik seka sedurunge. arep isa urip luweh temata...

mekaten rumiyen, menawi wonten solah seleh,nyuwun ngamputen...
nuwun....