Wednesday, December 13, 2006

angsluping surya

bebarengan angsluping srengenge, aku tekan panggonanku ngeyup sedina-dinane. ora liya kost kostan. awak tansah kesel, amarga dina kui aku kudu ngemban tugas, bot abote ngupaya upa. wes garising urip...
aku banjur leyeh leyeh neng peturonku, sinambi ngrungokake Cak Diqin nyekar campur sari :

opo garising urip kudu pisahan,
tresnaku lan tresnamu ra keturutan...

tembang kui, krasa mak nyes neng ati. saking penak dirungokake, aku banjur lena, bablas turu.
dina iki wes tanggal 14 desember, berarti kurang luweh 9 dina meneh aku bakal ketemu bapa biyung. kepengen bisa preinan suwe neng jogja, ngicipi warung warung sing durung tau dijajal, boso sing luweh kondang "wisata kuliner". mbenjang,menawi kelaksanan bakal aku posting wonten blog menika.

samenika wonten kutha jakarta, wonten peraturan "kendaraan bermotor wajib menyalakan lampu". gandeng namung wonten jakarta nunut ngupaya upa, nggih manut manut kemawon. mboten ngertos wonten menapa, turangganipun bola bali lampunipun mboten saget urip. aku banjur tekon karo koncoku sing dadi bengkel ono jogja, jebule ora liya "kiprok" njaluk diganti. mau awan,aku wes tuku, mengko yen wes tekan kost bajur dipasang.
mekaten rumiyen, mbenjang disambung....nuwun