Tuesday, December 5, 2006

udan ono ing ati

sore, udan deres barengan karo tangiku. aku banjur nggatekake jam sing ana ning telpon remetku. wes jam lima luweh rong puluh. mak gregah, kaget tenan kaya meruhi lelembut neng ngarep mata. ora nganggo adus, udan ora ta gagas, aku kudu ngemban tugas.

tugas wes rampung, senajan awak telse kebes nanging aku seneng. aku iso nyawang kenya kenya ayu. amung nyawang, ora iso nyangking. amerga ana widodari paringanipun Gusti ingkang maha kauwasa..

gegarane wong akrami
dudu bandha dudu rupa
amung ati paitane...

wadu, critane malah mlayu tekan endi endi. pancene wes wayahe sasi desember kui udan terus. amarga desember kui, cekaan seka "gede-gedening sumber (udan)". kanggo konca-konca kabeh, ojo nganti lara amerga udan. umpama awak klebus amaga udan, gage-gage digaringke, adus banyu anget, banjur ngombe wedang panas (sukur sukur ditambahi jahe utawa tanduran sing bisa kanggo ngangetke awak).

cukup semanten rumiyen, mbenjang dipun terasaken....